Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak Ibu guru ingkang satuhu luhuring
budi.
Sumangga langkung
rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng
paring rahmat lan hidayahipun.
Minurut pengamatan kalian kula
raosaken akhir-akhir menika kathah warga ingkang kirang menghargai negeri
nasionalipun inggih punika negeri “tercinta” Indonesia. Hal menika sanget
ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniao disebabaken kathah kawula mudha ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados warga Indonesia sebabipun para kawula mudha luwih condong marang pergaulan utawi budaya-budaya Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupa: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah warga luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken reganipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.
Masalah-masalah menika saget
diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta”
Indonesia menika kalian salah sawijine cara inggih puniko mundhut barang-barang
produksi Indonesia, menghormati jasanipun para Pahlawan lan para Pejuang,
tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kula raos menika ingkang saget kula
sampekaken. Mugi- mugi saget
ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken rasa Nasionalisme
kita sedanten. Semanten saha makaten atur kula. Mugi
sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb
0 komentar:
Posting Komentar